Kurup Jawa
  1. Kurup Jamingiyah. mulai Jemuwah legi tanggal 1 Sura Taun Alip 1555, windu Kuntara, wuku Kulawu sampai hari Rebo Wagé tanggal 29 Besar Taun 1674 Jimakir Windu Sancaya. Umur 120 taun.
  2. Kurup Kamsiyah. mulai dina Kemis kliwon tanggal 1 Sura taun Alip 1675, windu Adi, wuku Langkir, sampai hari Selasa Pon tanggal 29 Besar taun Jimakir 1746, windu Adi, wuku Kulawu. Umur 72 taun.
  3. Kurup Arbangiyah utawa dikenali kanthi jeneng kurup ABOGE (Alip Rebo Wage). Kurup iki mulai dina Rebo Wagé tanggal 1 Sura Taun Alip 1747 windu Kuntara , wuku Kulawu lan rampung ing dina Senèn Paing tanggal 29 Besar Taun Jimakir 1866 windu Sancaya, utawa tanggal 23 Maret 1936 Masehi.
  4. Kurup Salasiyah Pon utawa dikenal kanthi jeneng kurup Asapon (Alip Selasa Pon) sing mulai tanggal 1 Sura dina Selasa Pon taun Alip 1867 , Wuku Langkir, Windu Adi utawa tanggal 24 Maret 1936 sampai hari Ahad Legi tanggal 29 Besar taun 1986 Jimakir, Wuku Kulawu, Windu Sangara utawa tanggal 25 Agustus 2052 Masehi. Umur 120 taun.
  5. Kurup Isneniyah sing mulai dina Senèn Paing tanggal 1 Sura taun Alip 1987 wuku Kulawu utawa tanggal 26 Agustus 2052 Masehi, sampai hari Setu Kliwon tanggal 29 Besar taun Jimakir 2106 wuku Kuningan utawa tanggal 28 Januari 2169 Masehi.
0 Responses